Anggota Kelompok 🌼
1. Andhika Ekaputra R. (04) 2. Ghaida Mabel I. (14) 3. M. Amin Arrafi (23) 4. Queensha Chrysti Alfaira Y. (28)
DUA LARIK
1. Aja dumeh duwé kuwasa, Amemangsuli kudu adil lan waspada.
2. Sinau kuwi kudu saben dina Supaya pinter lan dadi wong guna
3. Tuku Sega Campor ketan
Dadi arek seng jogo sopan
4. Tuku sagu Campor ketan ketan Dadi arek seng cekatan
5. Tuku benang karo layangan Duwe wong tuwo ojok di lawan
6. Tuku klambi ing pasar turi Ayo sinau ben dadi juara siji
7. Ngumbah klambi kudu dibilas
Dadi murid ojo males
8. Aja lali sinau ben pinter ngudi kawruhi
Ilmu iku cahya madhangi uripmu
9. Guru kudu digugu, paring tuntunan becik,
Ngajak tumindak benar, ora mung pinter cethik
10. Sekolah tempat sinau, ngajari urip rukun,
Ngerti tanggung jawab, bekti marang wong tuwa
EMPAT LARIK
1. Urip bebrayan kudu rukun,
aja mung dolanan HP nganti nglangkungi bakul pecel
Tulung tinulung kudu dijaga,
ojo ngrewangi mung nek ana jajané wae
2. Yen tangga butuh, ayo direwangi,
Ojo mung alesan sibuk ngumbah sandhangan siji
Urip bebarengan kudu rukun,
aja mung rukun nek ana bakul es krim mlebu gang mburi
3. Sinau kuwi kudu tenanan,
ojo mung nyalin tugas saka grup sebelahan.
Gurumu ngajari nganggo ati,
kowe malah turu neng bangku mburi.
4. Dino Minggu tuku jajan
Awane medal dolan
Lek pengen lancar dalan
Sinau seng tenanan
5.Masak ketan campur sagu
Di pangan sakben Minggu
Lek pengen orep akeh ilmu
Ojo lali moco buku
6. Mlaku mlaku ing Tunjungan
Ojo lali tuku kendi
Yen kowe sinau bebarengan
Ojo lali nggunakake akal budi
7. Ing pantai onok jaran
Anak sepeda mlakune banter
Ojo turu wayah pelajaran
Supaya dadi wong pinter
8. Awan awan golek es puter
Ana jaran mlakune banter
Lek sinau kudu sing pinter
Ben gede dadi wong bener
9. Sinau aja nganti lali,
kawruh iku kudu digayah.
Wektu cilik wektu becik,
nglakoni urip kanthi ilmu.
10. Ayo padha sinau bareng,
supaya urip dadi padhang
Ilmu iku bandha sejati,
sing ora entek nganti mati
Komentar
Posting Komentar